Powered By Blogger

Rabu, 16 Februari 2011

cerkak

Prayoga Yen Kadang Mitra Padha Pirsa


Sejatine wis suwe penulis kepingin crita, ning kaya-kaya bab iki kok wis nate digelar ing hudyana cetak dening kanca penulis gamben, sing wis kumlebet asmane ing donyaning pengarang, yaiku bapak A.Y. Suharyono.
Ning apa alane, yen penulis ing kene bakal ngaturke ing ngarsa penjengengan sami, ngenani Griya Lentera sing mapan ing kampung Sosrowijayan.
Dhek biyen wis nate ketua Sanggar Sastra Jawa, yaiku nalika isih diasta ibu Dra. Sri Widati, ngaturi Ir. Titin sing mengelola Griya Lentera mau, sing nganthi (ngajak) anak asuhe loro PSK ( Pekerja Seks Komersial) sing banjur diwawancarai langsung karo sing padha rawuh (anggota Sanggar).
Kaya sing wis ndak aturake ing ndhuwur, yen Griya Lentera iku dumunung ing kampung Sosrowijayan, kawasan iki uga sering disebut Pasar Kembang. Dununge pas sakidul setatsiun Tugu Yogyakarta.
Ya ing papan iki pusate wanita tuna susila (WTS) utawa Pekerja Sex Komersial, padha ndhasarake awake ngluru rejeki.
Biyen penulis mrana karo wartawan mudha sawetara, jarene yen ngajak wong tuwo putri kuwi, ben slamet aja ditawani ngamar. Griya Lantera mau dianakake saka anjuran Perkumpulan Keluarga Berencana Indonesia utawa PKBI, sing intine kanggo ngayomi para wanita tuna susila, saka ing bab-bab sing ora nyenengake, uga mujudake posko utawa klinik mligi kanggo WTS sing padha nandhang lara, lan uga papan konsultasi.
Griya Lentera uga papane para relawan pendhamping sing peduli marang nasibe para WTS sing racake dening masyarakat umum disisihake (kasingkir).
Para relawan lan pendamping mau akeh wae saka kalangan mahasiswa sing padha kagungan budi luhur, ana rasa perdulen marang wong kang kasingkir lan diremehake ana ing satengahing masyarakat kuwi.
Dene Griya Lentera mau salah sijine pambudidaya PKBI sing maksude :
a. Aweh sesuluh mungguhing lelara HIV / AIDS neng remaja
b. Aweh ceramah neng media cetak, radio, televisi ngenani Keluarga Berencana
c. Mbiwarakake jaringan palayanan kasarasan reproduksi lan seksual kanggo para mudha
d. Pusat studi seksualitas penelitian ngenani sex sing bener
e. Griya Lentera minangka ngampingi WTS ing pendhidhikan, ketrampilan, ben bali piguna ing masyarakat (bali nduwe rasa harga dhiri lan mandiri).
Dadi PKBI pancen kanggo klas bawah WTS ing masyarakat sing kesisih.
Kampung Sosrowijayan pancen kaya kampung liyane, sing wargane padhet, gang-gange luwih ciyut banget, mung kena diliwati wong siji.
Dene Griya Lentera dumunung ing tengah-tengah kampung kuwi, ndhelik kejepit ing antarane omah lan losmen-losmen murahan sing jejer-jejer kuwi.
Para WTS mau, racake saka bocah-bocah sing kagol sekolahe, utawa ora kepeneran ing jroning keluwarga, sing banjur ninggalake omah. Racake WTS mau pendhidhikane cendhek, kepara akeh sing padha buta huruf.
Mula pendhamping kudu sabar lan tlaten, merga luwih gampang ngarahke wong sing mambu pendhidhikan, tinimbang bocah utawa wong-wong sing buta huruf.
Siji minangka conto sing gampang. Saka PKBI diwajibke marang para WTS mau supaya nawakake kondhom, marang tamu sing arep mbutuhake. Sing supayane ora bakal kena AIDS, yen salah sijine wis kena. Ning panampane malah beda.
Para WTS ya saguh, ning ora tau ditawakake neng tamu, dheweke wedi ndak dikira wis kena penyakit kuwi, njur marahi sitamu sing arep nuku ora sida.
Si WTS rak rumangsa rugi, dene ora sida pepayon, sing ateges ora sida oleh duwit. Ning ya ana sing nawakake kondom marang tamune, ning tamune sing emoh lan wegah, jare nek kudu kon nganggo kondhom trima ora sida wae. Dene alasane ora marem, ora puas.
Para pendhamping lan relawan ya padha maklum, mula ora leren-leren anggone aweh sesuluh lan pengerten, yen tujuane kabeh mau kanggo kasarasan lan keslametan WTS dhewe, saka lelara sing nggegirisi kuwi, sing durung ana tambane.
Pokoke dadi pendhamping lan relawan WTS kudu dawa ususe. Sangu kesabaran sing serep, kerep nyerot ambegan landhung, lan ngelus dhadha, supaya aja nganti krasa semumpel, sing njalari lara ati.
Kejaba ndampingi WTS sing manggon ana omah-omah (sak kiwa tengen kono), pendhamping lan relawan uga dhuwe tugas ndhampingi para WTS sing padha golek mangsan ana ndalan, upamane : neng statsiun, neng stanplat bis, ndasarake awake sing tanpa nganggo rikuh-rikuh.
Resikone pendhamping pancen abot banget. Kerep wae pendhamping lan relawan katut kegaruk polisi yan ana operasi, senajan mengkone malah dadi ger-geran dhewe karo polisine, yen sawise padha ngerti jebul iku pendhamping utawa relawan.
Kerep wae ana lelakon sing banget nrenyuhake. Upamane WTS anyar sing neng kono lagi pirang sasi, ning ngerti-ngerti kok njur bobot, merga kahanane pancen isih sehat.
Mangka sapa ta sejatine bapakne rak ora dingerteni. Lha piye wong sing diladeni wong akeh tur gonta-ganti. Yen wis ngono, playune ya neng Griya Lentera lan kandha, yen arep digugurake utawa njaluk digugurake.
Ning mesthi wae dokter sak stafe ora gelem, teneh malah saya nambahi dosa.
Saran siji-sijine, mengko yen wis lair, bayi kuwi dipasrahke wae neng panti asuhan Sayap Ibu, utawa panti asuhan Gembala Yang Baik ing Ganjuran, sing dikelola dening Suster.
Syukur bage yen si WTS kuwi gelem mulih mertobat, bayi diopeni dhewe ana ing ngomahe, ing sak jroning keluwarga / wong tuwane. Ngono saran saka Griya Lentera.
Sejatine yen dipikir tenan, WTS mono wong sing tansah kesiksa lahir lan batine.
Tota lahir, angger wong mesthi menjep lan nyepelekke, nganggep yen WTS kuwi sampah masyarakat. Mangka mbok menawa sing nglakoni kuwi merga kepepet. Wis ora nduwe wong tuwa, wis ora nduwe sanak sedulur, tur ora nduwe kabisan lan ketrampilan apa-apa. Merga mbiyen dhek isih melu wong tuwane, dadi bocah sing kogung.
Batine kesiksa, awit kerep wae kapusan dening priya hidung belang sing ngencani. Sawise diladeni, njur nganggo alasan dhuwite keri, arep njupuk dhisik, sing wusanane malah ora bali. Lha yen ngene iki rak kojur, direwangi gobyos kok ora entuk apa-apa.
Ana meneh priya sing sawise marem diladeni, njur ming pamit ngoni wae. Yen di gondheli dikon mbayar malah nesu, gedhene njur mulasara. Jare wangsulane rak ya wis padha dene ngrasakke kepenake.
Yen wis ngene iki, mengko ya njur tekan posko. Neng kono diterangke dening para pendhamping, yen WTS mono ya butuh mangan, butuh sewa kamar, lan kebutuhan-kebutuhan urip liyane.
Ing Griya Lentera, klinik pemeriksaan mung bukak pendhak dina Selasa lan Jum’at, neng kana ana dokter sing mligi dokter kelamin, lelara sing kerep di sandhang dening para WTS.
Dokter lan tenaga medis pancen gratis, merga ditanggung dening PKBI. Mung wae kanggo ndhidhik kedisiplinan, WTS kudu mbayar ora ketang sewu rupiyah. PKBI pancen tujuan utamane tetulung, setiyar ngangkat drajate para WTS. Mula ya dianakke kursus-kursus ketrampilan, olah raga, kesenian, sing kerep wae pentas ing sadhengah papan, utamane drama.
WTS mono ya wong-wong lumrah sing uga duwe bakat seni, lan mahir ing saweneh ketrampilan, sing bisa uga ngluwihi wong-wong sing uripe mapan.
Penulis ya nate krungu-krungu yen merga akehe program PKBI, mesthine ya mbutuhake wragad sing ora sithik.
Jare lembagane nampa bantuan dana saka LSM ing luar negri. Bantuan mau kanggo nggaji pegawe, honor relawan, sekretariat lan nyengkuyung programe PKBI sing durung maujud.
Para kadang, mengkono mungguh gegambaran sithik PKBI lan Griya Lentera, bebadan sing perduli marang nasibe para wanita tuna susila sing ana ing kampung Sosrowijayan ing Yogyakarta iki. Wusana sumangga
Rampung 



(Huruf Jawa 1)
(Huruf Jawa 2)
(Huruf Jawa 3)
(Huruf Jawa 4)
(Huruf Jawa 5)

10 komentar:

  1. Geguritan Anggitanipun Madagumilang

    Wangi temen ambune nalika mekrok seger mbarengi mendhung isih digandhuli udan. Kowe kuwi apa sawenehing kembang apa sumringahing kautaman ing sajeroning ati kang lagi nampa pepeteng ta. Nanging aja kok tangiske dadi gerimis kerep ya masiya jiwaku rasane kaya wis kena pirang-pirang ketiga. Mung bisa sabar ngenteni sing tlaten nyebar winih kabungahan lan mbutuhake banget kabagyan.

    BalasHapus
  2. Wus kacihna saben-saben udan nggrecih iki nyebar rasa nggrantes
    Luh kang deres direngkuh sakehing apes
    Nandang gubrah telenging lampah dene weruh alon-alon kelangan sejarah
    Nalika kanthi merdika kae-kae padha njarah-rayah
    Iya, iya bener iku bandhane tanah wutah rah

    BalasHapus
  3. Wus kacihna saben-saben udan nggrecih iki nyebar rasa nggrantes
    Luh kang deres direngkuh sakehing apes
    Nandang gubrah telenging lampah dene weruh alon-alon kelangan sejarah
    Nalika kanthi merdika kae-kae padha njarah-rayah
    Iya, iya bener iku bandhane tanah wutah rah

    BalasHapus
  4. Sawijining dino wayah sore,
    Tuyo tumibo marang bumi,
    Tansah anyez rogo iki naliko keno semilire angin udan,
    Ayem tentrem rasaning ati,
    Banjur kelingan lan kangen kahanan ing ndeso.

    BalasHapus
  5. PETENGING WENGI
    maymintaraga 19 april 2009

    sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

    BalasHapus
  6. udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu

    BalasHapus
  7. sumribit angin ngelus langit sore
    manuk sriti bali ing pucuking cemara
    nganti tekaning wengi sing nyenyet
    gawang-gawang katon pasuryanmu

    gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung rasa kang ngulandara
    wengi bakal tumeka maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebaki impen petenging wengi

    lumaku turut petenging lurung
    bakal gawang-gawang campur mega-mega
    apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi

    BalasHapus
  8. Ing papn sarwo salju
    Aku angen angen lawang gubug binuka
    Ana bedhiyang lan lincak

    Nanging wis kebacut dadi watu
    Guritan apadenekekaripan
    Nglinting bareng tumiyipe angina

    Kamongko ing isor watu pinendhem candhi
    Sing during kober kababar
    Unine prasasti

    BalasHapus
  9. PEPADANG BAKAL TUMEKA

    angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
    mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
    bumi kang kapidak kebak sinengker
    anggawa ganda bacin
    manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
    peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

    wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
    pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
    kanggo kita sami jalma manungsa
    kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
    amadhangi sakendhenging jagat raya
    mara gage kita sami tumenga ing angkasa
    mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
    kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
    mangestu nampi pepadhang .....

    BalasHapus
  10. Sepi

    yen aku dhong lungguhan

    dheke kang dadi seksi

    yen aku dhong miwir lintang

    dheke iku kang ngancani

    yen aku dhong takon werdine urip

    dheke kang ngewangi ngudharai

    yen aku dhong tak tik tak tik

    dheweke ora lungsi ngguyoni

    lan setia ngandhani terusna kang

    menawa ana asile kena nggo tuku kotang

    ora ana wong cubriya.

    BalasHapus